Andha

oleh
Andha among tani kasimpen ing tandhon. Swara/Wg.

langite ombak
rambute ngombak
langite andha
rambute ngandhan-ngandhan

Rambut kang ngandhan-andhan iku candrane kaendahan. Angsepe kaendahan ngukus nyang angkasa. Papane rambut ing irah-irahaning manungsa: sirah. Sirah isine rah. Rah iku tata laire, batine penggalihan (rahsa). Ing pancering penggalihan mungguh mbun-mbun, wun-wun: panyuwunan. Enere panyuwunan (nyang Suwunan: papan panggantunge manungsa; Pangheran) ya munggah. Laku-munggah kareben mungguh: anuju pancering pasirahan-panggalihan. Laku munggah mbutuhake andha, lan ombak, supaya swasanane ngandha lan ngombak.

Ngokab-angkasa nganggo andha.

Ngandha iku napakake suku (jung; dhasaran; palemahan; sikil) ing andha, ngombakake badane. Nlapaking suku mancer ing untu-andha, utawa unton-untone (rerenggan “unton” kaya untu kang nanceb-mblesek ing lingganing andha [bam]; rerupan pating-cringihe graji, utawa jungkat; tarkadhang sinebut “ambal”). Tangane acecekelan deleging andha (bam) arupa lonjoran pring/kayu, mandawa mandhuwur. Paningale nengak-nungkulke tawang, genti-genten nyepadakke ngisor: anggone si suku napak, angkahe ben nora sisib. Andha dadi andhahan (utawa malah “dhuwuran”?), andhahane manungsa kang nembe menek.

Andha dumadi papan penekan. Andha njalma pancadan, pancadaning badan.

Pancadan ing andha tan liya ya unton-unton iku mau. Unton-unton mancawarna anggone mapanake/ndlesepake; nglarasake karo jinising andha. Yen andhane “andha-lanang”, yaiku andha kang cacahing lonjoran pring mung siji, mula pancadan-unton-unton-andha mapan ing kiwa-tengening lonjoran pring (utawa salah siji sisih). Yen andhane “andha-wadon”, yaiku andha kang cacahing lonjoran pring loro, mula pancadan-unton-unton-andha mapan ing antaraning rong lonjoran pring mau; enere malumah salumahing bumi. Ancase memenek andha: bisaa mancad adoh napak sadhuwuring bumi.

Paripolahe wong memenek andha: salah siji sikile tinapakake ing unton-andha, dene sikil sijine madal boboting awak supaya munggah ngedohi bumi.

Kang arsa kagayuh: carang-pang wit-witan, empyak, wuwungan, pucuk-gapura, wose samubarang kang mapan ing pandhuwuran. Papan-papan kang katon ganjil sinawang saka tapak-tapak ing bantala. Mula, mbokmnawa, unton-unton andha cacahe ganjil; nglarasake karo dawane deleg pring. Pinilih pring kang tuwa: madurasa. Yen enom, kurang teteg lan jejeg, kurang rosa, kerep mobah-mosik: ngulet. Pa meneh pringe dudu pring garing; pring teles. Anggane kang menek nora bisa ayem-jenjem ngangsep myang angkasa.

Andha ngangkasa. Swara/Wg.

Mula saka iku, andha tan liya ya kukus. Asep. Undhak-undhakan. Pundhen. Gunungan. Lantaran andha para manungsa-suci bisa ngukus, ngasep, munggah nyang byantara. Ngampak-ampak ing ujunging pancadan jung: ing pucuking pang-mentiyung, wuwung, lan gunung. Gunung yaiku andhaning agesang. Eyang Gadhing Mas (kabiyantu keng ibu, Rara Resmi) ngandha ing Gunung Gempol (Ngawen): 3 dina, 5 dina, 7 dina, 40 dina, setaun, pungkasane 2 taun, ngandhan-andhane rikma lan ngombak-ombake mustaka nilarake arcapada. Linggane ginawa sarta.

Anggane, lan andhane, muksa.

***

[WG]