Bosok

oleh
Tempe Bosok. Dok: WG
Tempe Bosok. Dok: WG

Yen woh-wohan enak mentah iku timun,
enak mateng iku kweni,
manggis enak blibaripun,
pelem enak mateng ing wit,
salak enak rada bosok.
[Tembang Megatruh]

“Salak enak rada bosok”, ngono iku cakepan ing sawijining tembang Macapat. Bosok iku nyedhaki apa kang diarani megat-ruh.

Supaya bisa diarani tambah-enak, tansaya urip, sawijining bab perlu bosok sik. Urip, utawa samubarang kang urip, butuh swasana-bosok utawa wayah-bosok margane bisa nggayuh kang ‘luwih-urip’ utawa ‘urip-anyar’. Luwih urip ateges maune wis urip. Urip anyar maksude wis nate urip, njur tumeka ing golongan urip sijine kang dianggep ‘anyar’ (snajan urip ing golongan anyar iki bisa uga kaya wong ngenganggo klambi-anyar; awake ora ganti; wis tau nganggo klambi: lawas). Tetembungan swasana-bosok utawa wayah-bosok, katone, ora sakabehing perangane bosok kabeh. Isih ana wiji-ning urip, sajroning bosok iku. Ra ketang siji.

Para wiji kang manggon sajroning swasana-bosok iya iki sing bakal nganyarake urip. Salebeting wewangunan-gedhe sinebut mangsa, wayah, wektu, dalan, lan tata-cara bosok, kuwi mau.

Mbokmenawa sejatining urip pancen ngene.

Kaya dene wewangunan (konstruksi, omah) kang butuh didhudhah, dibongkar (didhe-konstruk), supaya lair wewangunan anyar kang endah; jerone isih sumare wiji kaendahan. Tembung liyane, umpama ora nggunakake tembung kriya (‘kata-kerja’), wewangunan iku butuh ambruk. Tiba. Ngglangsar, klangsrah lemah. Rubuh. Dene umpamane uwong: nggeblak. Kahananing wewangunan kang wiwitane bisa manglung-mandhuwur, unggul, agung, mbutuhake wayah tibeng siti. Ning ora kabeh rubuh; isih ana kang ora ambruk; tilase brubuh (pindha Alengka kang brubuh). Tembene bakal thukul. Bebakalaning omah (konstruk) anyar.

Kadi dene kabudayaning manungsa, uga wewangunan idheologi.

Tumraping jagading woh-wohan, bosok iku peprincen tetembungan kang maknane ‘ora disenengi’ karana wis negesi kosok-balen karo kang lagi ‘nedheng-nedhenge mateng’, kemlotis, cumokot, seger, madu-rasa, lsp. Wiwit seka sesawangane, ambune, sing diarani bosok njurung supaya manungsa enggal ngguwang, ngilangake, mbesmi, kang klebu bosok. Rupane kucem. Ambune marai muneg-muneg. Yen ana perangan kang bosok ing uwoh, perangan iki diiris, diguwang. Sing isih isa ‘dikalapke’ ya diopeni. Dipangan. Umpama uwoh didhudhah wis ora bisa dikalapke maneh, uwoh diguwang ing lemahan. Dipendhem. Ing tembe kang nuwuhake utawa nguripake sing diarani bosok ya si lemah (lantaran si wiji ing uwoh). Thukul dumadi tetuwuhan anyar.

Bosok papane rereged, memala, kewan-kewan ‘penyakit’ (barang urip cilik-cilik/organisme mikro). Ning, karana anane ‘sing-urip’ nggon papan-bosok iki, sing diarani bosok bisa manjalma (reinkarnasi, ‘embody‘) barang-urip anyar. Laku-suci ing biologi, fisika, kimia, kudu nganggo sing diarani bosok. Njur barang-mati aklambi bosok diuripake lumantar labuh-labete barang urip kang cilik mau.

Yen ngono, pamarentah, rakyat, manungsa, kudu melu bosok. Kumudu rusak. Kaya ungeling jaman kalabendu (‘dark-age’) kang sedya nggayuh kalakencana (‘golden-age’). Pindha Siwa kang rawuh, ngrusak jagad, supaya lair jagad kang tumata (Wisnu). Lakune kalabendu lan Siwa tan liya ya asung ‘pambiyantu’ supayane jagad lair maneh. Dumadi anyar.

Mula saka iku, ana perangan-peranganing Gunungkidul kang ‘kudu’ bosok sik, supaya mateng. Ing tembe nuju mateng maneh. Saperangan rong perangan ana kang musna, ilang dhisik, satemah bakal njedhul. Gunungkidul dientek-enteke sumber dayane, diperes, ing mbesuke kaajab tuwuh kang anyar. Pasawahan, pategalan, pagunungan, kali, guwa, beji, tlaga, segara, kang anyar. Laras karo lakune walang (kang banget ditresnani dening wangsa Gunungkidul, uga manca): ing palemahan ngendhog, njur nuju pati. Nglabuhi wangsa-walang kang sinedya luwih ngrembaka mangkone. Mburine.

Na, iki, ana barang kang bosok ning enak. Jejibahane njaga urube sing isih urip: si urip. Ing jerone si bosok. Ben si bosok ora tuhu mati. Enake tempe-bosok. Ana kang diarani jamur (spora), nyengkuyung njamure (diaspora) sambel lan jangan kang manganggo tempe bosok ing dhirine; ing endi papan. Pindha njamure manungsa. Ing mangsa rendheng. Kadhang kala malah ing ketiga.

Uripe manungsa regeng maneh. Sakwuse ngliwati mangsa bosok. Akarana bosok. Ya lumantar labete Para Wiji.

Wiji Thukul.

[WG]