Jungbleng: antarane Ngising-Nguyuh lan Korupsi-Kolusi

oleh
Jungbleng utawa Jumbleng utawa Kakus
Jungbleng utawa Jumbleng 

Bareng badane mak-bleng ing jero jungbleng banjur brol medal.

Mbokmenawa, omongan iki magepokan karo prekara kang semune ‘njijiki’, ora empan-papan kababar ing kene, ananging daksuwun Sampeyan aja kagungan penggalihan mengkene luwih dhisik. Jalaran pancen omongan iki gayut karo rong tumindak (organis-alamiyah) kang kempel: nguyuh-ngising utawa ngising-nguyuh; dakkira Sampeyan bisa meruhi lan nampa-narima kasunyatane yen ta diomongna kaya ngapa bab-bab ngene iki wis dadi kalumrahan. Apamaneh tumindak ngising-nguyuh minangka padatan-padinan kang dilakoni dening kulawangsa manungsa, ing saindenging bawana, kaya dene tumindak: mangan-ngombe lan liya-liyane.

Tumindak loro iku mau angel banget pinisahake. Padatan ngising-nguyuh linakonan kanthi jujur-bungah, tarkadhang kanthi kesusu lan kepepet, kadhang kala malah sajroning wektu kang lodhang, lan kanthi sengaja wektune kalodhang-lodhangake.

“Methongkrong patrape, dhengkul loro sinunggar; klenyat-klenyet ora gelem enggal rampung.”

Ya ngene iki gegambaran tumindake wong kang lagi ngising-nguyuh ing jroning kakus utawa jungbleng utawa jumbleng: methongkrong, dhengkule cacah loro dirangkul, dikantheni ‘ngeden-natural’ kang semune ora dipeksa-peksa banget (supaya ora ambeyen), lan ngatur ‘pernafasan’ supaya wetuning barang kang diisingake lan diuyuhake ngirama. Suwi neng jeroning jungbleng dadi lan betahe. Ora pengin enggal rampung. Kasambi udud, sinambi maca; ngalamunke taneman jagunge utawa kacange utawa parine kang ing mangsa rendheng iki ‘nora ana asile’; kasambi ngalamunke dhuwit asiling korupsi-kolusi rep dinggo ngapa. Rep diamanke rekeninge sapa. Yen ora, piye carane supaya anggone korupsi-kolusi ‘dana-desa’ ora keconangan. Dene sing ora nglakoni korupsi-kolusi isa nglamunke: kok ya ora duwe kesempatan korupsi-kolusi, ya?

Bebarengan “permakultur” ‘ngehype’ ing jagading pertanian modhern (saben-saben taneman iku duwe pasangane; umpamane kacang-dhele, sawo-kecacil, bayem-mbayung, pelem-nangka, lsp.), tembung {ngising} kempel karo pasangane: {nguyuh}. Mula saka iku, yen dipapanake ing undha-usuk sing jajar, tembung {korupsi} kempel karo pasangane: {kolusi}.

Kabudayan mangan-ngombe, utawa numpuk pangan-panganan lan omben-ombenan wohing parilaku kolusi-korupsi, kandheg ing ‘papan’ sarupa papan iki. Yaiku papan-arkais pralambang ‘lumbung’ kang meh tumpes-cures, kang biyen-biyene sinebut jungbleng utawa jumbleng.

Ing unggah-ungguh pasrawungan Jawa, tandang-gawe kaya dene ngising-nguyuh rinasa “saru” yen keprungu uwong, luwih-luwih wong tuwa utawa sesepuh utawa pinisepuh. Mula, yen ing swasana basan-binasan antarane pra mudha klawan wong sepuh sebab dianggep linuwih seserepane (swasanane krama-alus) utawa wong sapantaran ananging pantes diurmati (swasanane ngoko-akrab ananging alus-urmat) tembung “ngising-nguyuh” disulihi tembung “bebuwak (‘buang-hajat’), mbuwang sesuker-rereged (yen kanca-kanca Ngayogjazz sing cok nganggo basa-walikan kae ngunekke “gapi”), sarta “dhateng pungkuran/pengkeran/wingking”. Undha-usuk tembung ngoko-alus pancen katujokake kanggo urmat-kinurmatan, snajan ta karo sapantarane (pertimbangane bab: umur, drajat-pangkat, pegaweyan, utawa ilmu/intelektualitas), kepara sangisore. Papane ing pekiwan (waca: ‘margin-kiri’), buri omah sisih kiwa, tegese: didohake karo sumur, sumber banyu suci.

Tembung ‘jungbleng’ sesatronan karo tembung ‘sumur’. Tembung jungbleng rinasa luwih alus tinimbang kakus.

Eh, sik, Sampeyan ngerti kakus utawa jungbleng kang dakomongke iki ora, ya? Gek-gek ora, gek-gek lali? Sampeyan sing asale ska desa kaya aku lan klairan taun 60-80-an mbokmnawa isih kelingan yen biyen ing pekarangane simbok-Sampeyan tau ana ‘septictank’ kuna karan kakus/jungbleng/jumbleng (saiki ing sawetara papan ing Gunungkidul isih tinemu; snajan akeh-akehe wis kasulihan ‘jungbleng modhern’ kang luwih ngenut ‘standar kesehatan lingkungan’). Kakus/Jungbleng kuwi ‘toilet-jongkok’ tipe kuna lan ndhesit. Yen basa pacelathon padinan anggone nywarakke “jumbleng”. Jungbleng iki saroja saka tembung {jung} lan {bleng}. {Jung} tegese ‘pada’ utawa ‘suku’ utawa ‘sikil’. Dene {bleng} iki ngrujuk marang kahanane ising kang rikalane ditokake saka badan banjur bleng mlebu bledheng ing bolonganing jungbleng. Gegambaran kahanane pindha pawarta-pawarta utawa ‘konten-konten’ ing medsos kang blang-bleng ngono wae lumebu ing ‘jungbleng’e (wadhah pikirane) wong-wong jaman saiki. Sipat-kahanane pawarta sing ngene iki bisa diarani mak bleng anggone lumebu. Utawa kaya sipate tikus kang lumebu ing kamar/omah kang lawange binukak; kaya kewan kang lumebu ing cangkem rikalane ana sawijining pawongan nyerot ambegan kanthi rosa; kaya pawongan kang lumebu ing omahe uwong tanpa kula-nuwun aruh-aruh luwih dhisik; kaya panganan kang blang-bleng lumebu ing cangkem; kaya sipate duwit-recehan kang kalebokake ing celengan; kaya bocah-sekolah kang anggone mlebu sekolah blang-bleng bledhang-bledheng wae tanpa kewuhan bab kudu nggarap PR utawa ora; kaya mayit kang lumebu ing jugangan kinubur salawase.

Sipat lan kahanan ngono mau minangka gegambaraning pawongan-desa kaya aku kang ing sawijining wektu rerikatan kepara keplayu nuju kakus/jungbleng kanggo mbuwang sesuker-rereged-bebuwak kang kumudu daktokake (yen ora daktokake, dene kahanan organ-badanku isih normal, mula sesuker-bobotan bakal umetu dhewe saka badan), tanpa sela ndadak nyepakke banyu kanggo cawik luwih dhisik, lha kok ndilalah tandhon banyu neng ember cilik ing jeron kakus/jungbleng kari koret-koret, kepeksane kanthi nyekeli kathok separo-mlotrok sawise ‘ritual’ ngising-nguyuh mau rampung banjur nuju kolah utawa sumur kanggo reresik.

Wun ngapunten tumrap Sampeyan-sampeyan kang uripe neng kutha lan ‘beradab’, utawa Sampeyan-sampeyan kang klebu wong kesehatan lan cara panalare sehat, mbokmenawa arang kepara durung nate ngrasakke bebuwak ing kakus/jungbleng. Dene Sampeyan kang ngepasi KKN ing desa-desa adoh kutha, njur indhunge sing di-KKN-i durung duwe ‘jungbleng-posmo’ (‘septictank’), mbokmenawa Sampeyan wis ngrasakke sensasine jalaran kanthi kepeksa bebuwak ing jungbleng. Lha arep bebuwak neng ndi meneh? Padatan rikalane sajroning toilet isa suwi krana disambi nyekel ‘telpun-pinter’ mbuh ‘browsing’ utawa ‘ngegame’, ing sajroning jungbleng isa disambi nglakoni pegaweyan kaya kang sinebut dhuwur mau. Snajan swasanane beda. Sing siji papane resik-wangi, sing siji reged-mambu. Ambune tumpukan ising ing jeroning jungbleng marbuk tekan jaba, kepara ambune mau tekan dalan-dalan dhusun lan omahe tangga teparo, ndadekke ‘polusi’. Yen jungblenge bolong-bolong gedhege, rangasen, utawa ora ana tutup-lawange, mula bokong-Sampeyan ketok saka njaba. Lan bokong, ditandhingke organ-organ seksual liya ing sacedhake, yen katon dening wong liya, rak ya saru. Laku ngetokke bokong papane saru.

Patrape wong korupsi-kolusi ki kaya wong methongkrong ngising-nguyuh, sing ising lan uyuhe ditabung ing sawijining papan sinebut jungbleng. Ambune tumpukan dhuwit asil korupsi-kolusi marbuk tekan endi-endi. Jian, bisnise tambah. Omahe pating tlecek. Mobile ra kaetung. Dhemenane nggunung-susu saben-saben wektu lodhang dipethongkrongi. Ora krasa yen sing disorot kamera ki bokonge, dudu raine sing pringas-pringis. Rai ro bokong ijol-ijolan enggon. Jane, ndi sing isa gawe isin, ndi sing ngisin-isini, rai endi sing kisinan? Rai lan bokong ra ngerti saru.

Saru yen ana wong nglakoni korupsi-kolusi ora krasa. Saru yen ana wong ngising-nguyuh ora nyana yen sing ditokake ising lan uyuh. Apa meneh anggone ngising-nguyuh ngegla. Raine ora dialing-alingi gedheg jungbleng. Raine rai gedheg, ora duwe rasa isin yen prilakune iku saru. Isih mendhing wong ngising neng njaban omah utawa njaban jungbleng snajan saru, sarune merga ngising neng pakebonan utawa alas njur isinge diurugi lemah nganggo gathul-pacul, utawa ditutupi gegodhongan, utawa ngisinge kanthi mepe-bokong neng kali. Sampeyan cok pirsa, ta, sedulur-sedulur sakiwa tengene Kali Oya kae, urut ska papan dhuwuran anggone ngising ngungkuri papan kang luwih andhap, krana yen anggone ngising madhep mengisor ngungkuri papan kang luwih dhuwur sing lagi ngising ing ngisoran badane/bokonge isa ketabrak ilining ising kang ngetut ilining banyu saka dhuwuran nyang ngisoran, ta?

Bener, kae saru, ning mendhing.

Yen ditonton satleraman, loro-lorone padha-dene prilaku “kafir”. Kok? Lha nutupi samubarang ben ora katon dening wong liya? Nutupi samubarang iku parilaku kafir. Nutupi sesuker utawa rereged ing lemahan, ing banyon, lan ing jungbleng/tabungan njur barange dadi ora katon iku kafir. Gur tekne barang sing ditutupi mau sing siji ising, sing siji dhuwit asil korupsi. Ditabunga, ising/telek isih isa nggo rabok palemahan. Ditabunga, dhuwit asil korupsi-kolusi ya gur njalma uyuh lan ising, dadi “gapi”. Ra ana ajine, ta? Mula, snajan wujude kegolong kulawangsa “gapi”, telek luwak luwih joss nggo ndadekke enak wiji kopi; tai-gerji (‘bubuk kayu sisa orang menggergaji kayu’) kae isih mendhing, isa dianggo gegeni lan anget-anget sariraneki wayah adhem mrepeki. Angger tai-gerjine ora Sampeyan ububi nggo manasi rai. Raine tangga sing pancen nyebahi; jalaran mendhem lan mendem tai, eh, kleru, asil korupsi. Mung ngengebaki sumur-pribadi, malih-rupa “gapi”.

Apamaneh yen jungblenge tangga-teparo cecedhakan karo sumur Sampeyan pribadi, jer sumur minangka papane ‘toya-wening’ ya sumber ‘toya-omben’ sejati, sesuker utawa rereged kang ditabung ing jungblenge tangga-teparo mau bisa nuwuhake lan ndadekake lelaraning dhiri, saemper dysentrie.

Sing siji pralambang ungeling urip, sing siji ‘pati’.

[WG]