Kaum Akar Rumput

oleh
Harsono lan kanca-kancane padha ngarit ing Gunung Panggung. Gunung Panggung klebu ing telung wewengkon: Ponjong, Semin, lan Wonogiri. Swara/Wage.

Wong-wong desa lumrahe ngingu kewan ingon-ingon lan duwe pakaryan ngarit. Ngarit iku jane pakaryan kang ‘ngelit’.¬†Lha pa ora? Coba nek para tukang ngarit ora sregep ngarit, ingon-ingon sapi angel ngrumbakane, njur wong-wong kang butuh sapi lan wedhus. Utamane wong kutha; sapi wedhus bakal dikonsumsi, dudu diingu neng wewengkon pakuthan, ndhak dadi lelucon kangelan anggone golek.

Apa meneh sing luwih kerep ngonsumsi daging sapi wedhus ki wong kutha, utawa wong desa kang ‘standar’ (waca: ukuran) uripe bisa ngimbangi pametune wong kutha, sing isa diarani duwe dhuwit tinimbang wong desa sing pegaweyane ‘mung’ ngarit. Ora ateges wong desa kang tukang ngarit ora ngonsumsi daging sapi wedhus. Ya ngonsumsi. Ning kala-kala.

Kala-kala wae pas ngepasi ana acara pahargyan utawa slametan tertemtu. Ora njuk pas padinan. Ora ateges uga wong desa kang tukang ngarit ora duwe ‘bork’ nggo jajan daging. Ora. Dhuwit utawa asil kayane trima disimpen, dinggo butuh keperluan liya. Sing penting, ing saben dinane, kukusane tansah ngebul. Iya kanthi ngarit sesuketan lan gegodhongan.

Ngarit sesuketan gegodhongan minangka pakaryan lumrah tumrap wong-wong desa. Wong-wong desa sinebut wangsa ngarit, utawa wangsa suket, wangsa dukut, karana pegaweyane sambung karo sesuketan. Kepara, dhaharane ya sesuketan (rebung, bakal pring, sing sok dijangan, kae suket, ta?). Obate ya sesuketan.

Dadi yen wong desa mung diarani bangsane suket wae malah gumbira, ora nesu, beda ro wong kutha tur mambu sekolahan tur pinter.

“Kaum akar rumput, Mas?”, ngono awakku miwiti nyelathu. Ngguyu piyayine. Yen awakku ora salah ngrungu, asmane Harsana. Nama “harsana” lumrah sinerat “harsono”, mbuh sebabe apa (kiraku basa Jawa kuwi ngenut aksarane Wangsa Jawa sing cacah 20 lan swarane [o] mung wae Latine tinulis [a]).

Nek rep nggaya neges-neges nama “harsana” iku maknane apa, kurang luwih sambung karo “kabungahan”. Kamulyan. Bagya-mulya. Ning ya mbuh, saben wong tuwa kagungan don rikalane paring tenger putrane, klebu wong tuwane Harsana. Awakku mung coba-coba negesi.

Beda ro tandang-gawene Harsana ika, ora mung coba-coba. Gandheng wis nyoba ngarit wiwit cilik, niru wong tuwane, ngrewangi pakaryane wong tuwa, tandang gawene ngarit suket wis baut. Wis ‘canggih’.

Anggone nyusrukke arit katamakake sesuketan penak disawang, ora ana rasa kuwatir mbebayani (gawe tatu) badan. Tur piyayine mesam-mesem, tandang tanduke kebak bungah, snajan mung ngarit. Yen awakku? Nyekel arit wae ora enjoh. Umpamaa kepeksa nyekel, mlepuh-mlepuh nggon epek-epek. Sinambi mrengut sisan.

Diwasa iki isa diarani meh saben dina Harsana ro kanca-kancane (wrata isih timur-timur, isih ‘rumaja’, udakara 20-an taun) ngarit sesuketan ing ereng-erenging Gunung Panggung, sakidule Gunung Kukusan. Ing tegalane kancane.

Mbaleni adat kang dilakoni awake dhek biyen: awan sadurunge dolanan ‘poli’ utawa ‘bal-balan’ ngrewangi bapa-ibune ngerit gegodhongan sesuketan luwih dhisik, ben ingon-ingone ora kapiran, wong ingon-ingon cen nggo wragad piyambake sekolah. Kok mbaleni?

Sawetara wektu kepungkur dheke ngulandara lunga paran, ing Bekasi kana. Makarya ro mesin-mesin. Ngurus mesin-mesin. Lebar mulih Lebaran taun iki dheke kok aras-arasen mrana maneh. Tur ya mesine rada ‘error’. Mbuh rep bali lunga-paran meneh utawa ora.

Cukup anggone ngarit dina iki, sukete dibongkok, banjur ditumpakke motor menyang omahe dhewe-dhewe. Swara/Wage.

Gandheng piyambake saikine neng desa, pakaryan padesan, apameneh ngarit wis dadi kabisane wiwit duk semana, mula dilakoni kanthi entheng. Neng desa luwih penak kahanane, ujare. Ora seseg uripe. Ora balap-balapan. Mangan sakanane enak. ‘Ceweke’ (waca: kenya-kenya) ya penak, gelem dijak urip rekasa; trampil nyambut gawe ‘ngisoran’. Lha yen ‘cewek’ kutha? Angel jarene. Abot sanggane.

Wis nggarwa durung? Durung, rep gegolek pengalaman sing akeh sik. Ben isa nggarwa wong ayu sakabehe. Ngono niyate.

Snajan sawetara wektu iki pengalaman uripe kisen pakaryan ngarit, ning piyambake ora lingsem. Jer suket ora bisa kanggo tenger yen awake lan wong tuwane ora bisa dadi wong utama, wong kang ora bisa nggayuh kabungahan urip. Ora bisa nyandhing kenya ayu kang sregep makarya. Ya suket kuwi sing dadi jalaran Damar Wulan pikantuk kabungahan, nggarwa sawijining Kenya (Kencana Wungu). Kautaman lan kabungahan bisa rinanggeh lelantaran apa wae. Klebu suket.

Suket-suket kang thukul ing gunung-gunung kang pating pecucu, kang ngukusake pakaryan lan kamulyan tumrap wong-wong desa wangsa suket kaya dene piyambake lan wangsa suket liyane, lan bakune, bisa ngukusake kukusan ing pawon; ing gunung-gunung kang ayu mlinir kadi dene kukusan, ing sakiwa tengene Gunung Panggung, Gunung Minjil, lan Gunung Kukusan, ing lingiring Gunungkidul sisih lor-wetan.

 

[Wage]

Facebook Comments