Kolah

oleh
Kolah, papan kanggo nyimpen banyu udan ing sakiwa-tengening omah. Swara/Wg.

Mbuh ngapa kok barang-suci iki sinebut “kolah” (ing liya enggon: “kulah”). Daksebut barang suci amarga kolah dadi piranti tandhon banyune warga padhusunan. Banyu kang tibeng ska langit. Kolah ana kang kapapanake ing jeron omah-omahan; ateges dadi tandhon banyu resik (banyu ska sumur-timba utawa PAM).

Ananging yen ing Gunungkidul, ana kang dianggo tandhon banyu udan. Snajan kapapanake ing jeron omah-omahan, lan temtu mungguh ing jeron kolah/jedhing, yen ngene: banyu udan rak ya isa diarani banyu resik?). Banyu tandhon ing kolah dinggo nyukupi kabutuhan: adus (resik-resik awak), umbah-umbah (resik-resik abrakan); mula njur dakarani banyu suci. 

Dene golongan banyu suci liyane kapapanake ing genthong, kendhi, utawa padasan. Sakliyane ing jeron omah, kolah uga mratah kapapanake ing jaban omah. Enere ing sangisoring grojokan banyu talang, lumrahe ing tempuraning keyong-keyongan antarane kampung siji lan sijine, banyu talang tiba ing unyeng-unyenge kolah. Mbokmenawa iki jalarane unyeng-unyeng sinebut kolah: papan tibane samubarang kang enere ska langit.

Kolah kang papane ing jaban omah iki dianggo nandho banyu udan (banyu talang, banyu turas, banyu turun). Tandhon banyu udan, mengkone, kagunakake siram-siram tetanduran, omben-ombenane kewan ingon-ingon (kolah kapapanake ing grojogan banyu talang kandhang), lan banyu guyangan kewan. Klebu brompit kang gubrat lemah kepeksane dikumbah nggo banyu talang iki, lha piye neh, eman-eman banyu sumure. Kolah manjalma dadi papan cadhong banyu adus. Ya banyu tangi tumrap manungsa, kewan, tetuwuhan, lan abrakan.

Babagan ngrembug pigunane banyu kang kasimpen ing kolah, genthong, kendhi, lsp., iku sakyektine uga mratelakake tata-cara (teknologi manajemen air) lan tata laku kang katindakake dening among tani padhusunan kepriye anggone mingunaake banyu sajroning panguripan kanthi wicaksana. Para among tani nyimpen banyu saka langit ing saperangan papan, lan tekan titi wancine bisa migunani kanggo samubarang keperluan.

Mula, kolah madha rupa karo papaning paraga rikala adus utawa ngedusi samubarang (“bathing-room”). Mungguhe isa neng jeron omah, isa neng jaban omah. Jeroning kolah ana barang karan ‘kolah’: cluwokan pindha kuburan-watu kaya ing Sakaliman utawa ing Bleberan (pethi kuburan watu) kanggo wadhah banyu mau. Rikalane kolah wus kebak rereged, banyu sisane kaolag-aligake lan kaubak-ubakake, kolahe kagonjing-gonjingake, banyune kaulah-ulahake utawa kolah, banjur kakuras. Katuras. Katurunake.

Kawutahake. Banyu turun. Banyu kolah kang kakuras utawa katuras lir manungsa kang mabuk sajroning mrau, ngetokke wutah-wutahan tetoya, turas-turasaning angga, kolag-kalig ngiwa nengen kadayan ombaking banyu. Nguyah-nguyuh.

Turase (waca: uyuhe langit), padha-dene tumurun ing bantala, ngebeki kolah-kolah papane para among tani olah-olah.

***

[WG].

Tentang Penulis: Tugi Widi

Tugi Widi
Lahir Setu Legi awal 1970 di Karangmojo Gunungkidul. Ngulandara ke mana rejeki boleh dihampiri. Gemar membaca, memotret, dan menulis.