nDadi Among-Tani lumantar Dolanan, Dadi Dolanan saka Among-Tani

oleh
Dolanan Pong-Pong Bolong. Dok: Swara/WG.

Pong-pong bolong, dimerak dicabe
Pecah-pecah ndhogmu dhewe
Pong-pong bolong, metu merak metu kebo
Mecaha ndhoge loro
Pong-pong bolong, metu merak metu cabe
Mecaha ndhoge selawe
[Tetembangan ing dolanan “Pong-pong Bolong”]

Supaya bisa lumebu ing ‘mitos-digital’, awake dhewe kudu nduweni ngelmu-dhuwur bab piye carane ng-enkripsi pralambang-pralambang digital. Supaya bisa lumebu ing mitos-tradhisional, awake dhewe cukup yakin yen ing suwaliking pralambang tradhisional ngemut, eh kleru, ngemot teges kang jeru; jer pralambang tradhisional kaya ing maneka jinis dolanan ika nggambarake ngelmu lan tata-cara menggalihe para leluwur kang sinemokake kadya deepweb ing mitos-digital. Lakune meh padha karo kriya: ng-enkripsi ‘warta-warta’ (informasi-informasi) saka jeroning kori-kori/senthong-senthong (waca: ‘blok-blok’) kang wus diparingi wates/gebyog rapet-pengkuh ing ‘mitos-digital’.

Bisa lumebu-jeru ing jerone kanthi gampang, gamblang (bleng; sadurunge ana septictank biyene saben-saben omah ing Gunungkidul duwe lumbung-panyimpen-arkais ‘ising’ kang ingaran jungbleng utawa jumbleng: maragane uwong ngising kanthi nyekeli jung-e [sikile], yen si ising [wawratan/bobotan/bebanyu-sesuker] wus mbradhat metu tibeng ing jeron lumbung mau kanthi lancar tanpa alangan siji-sijia mula swasanane sinebut mak bleng), lan jenjem: iki tujuwane.

Nyoba lumebu ing tetembangan kang ngiringi sawijining dolanan dhuwur iku, rinasa uripe para among-tani pancèn lair sarana endhog (waca: tigan, sel telur): wiji. Laras karo iku, manungsa among-tani duwé kuwasa kanthi wates tartemtu kanggo mecah endhogé: nemtokké parigawene; nandur parine. Déné lakuné manungsa among-tani bisa kagambaraké lumantar parigawe lan tetembangan sajroning dolanan. Johan Huizinga, sejarawan pengarang buku Homo Ludens (Manungsa-Dolanan; buku bab dolanan kang dideleng saka aspèk filosofi lan sosio-budayané), ngandharaké yèn ta tetembangan (lelagon) dilairaké lan dirembakakaké déning dolanan. Uripe manungsa tani mung dolanan. Urip mung dolanan.

Urip mung dolanan? Mbokmenawa mangkono: urip pancèn (saderma) dolanan. Utawa, mbokmenawa malah kosokbalèné, dolanane para among-tani iku dudu saderma ‘dolanan’. Dolan iku kawiwitan saka wadhah, banjur pecah/wudhar/metu, banjur mlaku-mlaku, ngemati donya kang ginelar amba. Dolanan iku gegambaran saka laku dolan, wiwitané kanthi dolan-dolan. Rikala dolan-dolan manungsa wruh alame, gelaran lemahe. Sakwise iku manungsa banjur anteng. Eneng. Ening. Njur manungsa mangasah mingising-budine, nglairké budaya tani. Manungsa banjur nembang bebarengan. Banjur surak gentenan: hiyo!

Surake para manungsa-tani kang nedheng-nedhenge dolanan (hiyo!) martakake penggalihan anane swasana: gumbira, mobah-mosik, lelaku (alihan), tetepungan (benthuk), lan pindhah-papan (migrasi). Enere saka wewengkon pribadi nuju marang komune (sosial): sajroning talenan kulawangsa lan alame. Satemah, saka kumpulaning manungsa lan alame anuju marang Gustiné. Saka pribadi kang maune ‘eneng’ alihan marang ramé. Eneng iku matèni raga; ramé iku nglairké urip. Anggone tandang-gawe pating gemronang karo kancane. Saka sedhih marang gumbira. Saka peteng marang padhang. Wengi nuju rina. (Dolanan nalika wulandari, utawa wulan-dadari, swasanané kang peteng ‘disulap’ dadi rina: padhangé kaya rina). Kadhangkala manungsa-tani miwiti dina kanthi penggalihan kang abot, rekasa, mantheng, ning banjur péngin mlaku tumuju swasana ènthèng, kebak guyonan, gayeng, surak-surak, yeku lumantar dolanan.

Dolanane para among-tani.

Dolanane para among-tani wis lumrah asring diaji minangka sabarang kang sepelé lan rèmèh. Ananging sejatiné dolanan-dolanane pra among-tani ngemu kerta-aji; pating blengkrah piwulangé. Jagading dolanan iku jagadé bocah-bocah kang malih rupa: saka trap-trapan ‘bocah’ anuju ‘diwasa’; saka wewengkon lokal, nasional, lan ngglobal, kepara malah ‘ngangkasa’. Sing mauné manungsa sumingkir gawe senthong dhewe (blok) saka angganing-alam, ngedegaké omah minangka pralambang wakiling manungsa nandhing-sarira kalawan Gusti, sakwise iku manungsa banjur metu saka omah: menyang latar-pekarangan-alas, kanggo dolanan lan mangun omah-omah karo alam. Sing mauné manungsa cinipta ‘duwé wates karo alam’ (omah) maujud ‘nyawiji karo alam’ (anggone dolanan ing plataran dudu ing jeron omah).

Kepara, jagad dolanan iku ora mung tumrap bocah-bocah waé, nanging uga tumrap wong-wong kang ‘ngaku’ diwasa. Kridhaning laku alih-rupa awujud: sipating wong diwasa anuju sipating bocah. Sing mauné manungsa nepi, nenepi, ngadoh saka karamèn, arsa bali marang surak-surak; bebarengan karo sesama ing tengahing masyarakat. Sipating bocah kayata jujur, apa anané, mbengok sora, linakonan manèh. Karana pancèn manungsa ora bisa nggajuli kasunyatan nganggo tumindak kang èthok-èthok (simulasi, simulacrum) tanpa kendhat.

Bocah-bocah lan wong-diwasa, genti-genten anggone dadi, anggone ndadi.

Sajembaré dolanane pra among-tani kang sambung karo tetembangan utawa pacelathon, umpamané: Ancak-ancak Alis, Bi-Bibi Tumbas Timun, Cacah Bencah, Cublak-cublak Suweng, Dhingklik Oglak-aglik, Dhoktri (Legandha lan Utri), Epèk-èpèk, Gajah Telena, Gowokan, Jamuran, Koko-koko, Kubuk Manuk, Kucing-kucingan, Layangan, Lepetan, Nini Thowong, Blarak Sempal, lsp., kang sambung karo olah pikir, umpamané: Bas-basan Sepur, Dhakon, Macanan, Mul-mulan, lan kang sambung karo ketrampilan, umpamane: Anjir, Angklek, Bengkat, Benthik, Dhekepan, Dhing-dhingan, Dhuk-Thèr, Dhul-dhulan, Embèk-èmbèkan, Jèg-jègan, Jirak, Layung, Pathon, Patil Lélé, lsp., kabeh ora lair saka bab kang ora cetha sangkane. Kabèh nggambaraké tata-carané wong Jawa ndadi (to be becoming) lan dadi (menjadi), nggraita, ngresepaké, menggalih, lan mapanaké alam donyané ing papan kang luhur, kang luwih ‘sunyata’. Dolanan dimungguhake minangka laku urip padinané wong Jawa-Nusantara. Tegesé, dolanan (kasunyatane) ora adoh saka samubarang kang sunyata (ngluwihi nyata); satemah sinebut kasunyatan. Mula, dolanan diarani pasemon, yaiku pasemon tumrap kang nyata (realitas), adu-arep karo dolanan ing budaya modheren kang rinasa tansaya ngadoh saka ‘kang nyata’ (hiperrealitas).

Dolanan kang sinebut Ancak-ancak Alis umpamané; nggambaraké donyané para among-tani nenandur. Tembung ancak iku sesambungan karo tembung ‘wadhah tumpeng’, utawa ‘wadhah gunungan’. (Mbokmenawa banjur ana budaya bancakan). Wujudé anyaman pring dilingiri papah pisang. Alis iku sak-èmper karo ‘kebo’; ‘sapi’; ‘kéwan ingon-ingon dinggo kerja ing sawah/tegal’, pralambang déwaning tetanèn. Tetanèn iku ora saderma nanem wiji ing sawah/tegalan. Ananging uga maujudaké kelarasan karo alam. Karo gunung. Karo sawah. Karo kewan. Karo uripé dhéwé. Sawah/tegalan iku pralambang ancaking gunung. Wis dadi kasunyatan yèn ta lemah Jawa iku binerkahan gunung geni kang ndadekaké lemahé subur, ngrembaka kang sarwa tinandur. Kahanan iki laras karo kasunyatané wong agrikultur; wong kanthi budaya tani. Dolanan Ancak-ancak Alis nggambaraké sambung-raketé bocah-bocah kang padha dolanan karo budaya agrarisé; budaya tetanèné. Ing dolanan ‘katindakaké’ olah tetanèn pari (cereal [Inggris], oryza [Yunani]), yaiku kultivasi pari. Tembéné nglairaké kabudayan kang ingaran pantun (Melayu), utawa parikan (Jawa). Yèn dijingglengi, tetenger nandur pari iku dudu saderma laku kadonyan (sekuler, profan) waé. Ananging uga sawijining kabudayaning menungsa agraris Jawa kang mligi; kang diajarké dhéwé déning Gusti Kang Akarya Alam. Sakral sipaté. Ilahiyah. Kaya déné menungsa kang nandur ‘winih’ panguripan. Tembung-tembung kang dieneraké marang pari kayata: tumungkul (badané ndhungkluk, ngasor) lan meteng (ngandhut), kang sajatiné ya ungeling uripé manungsa, tinemu ing dolanan iki. Banjur lair apa kang diarani ngèlmu pari; ngèlmu uripé menungsa.

Dolanan Ancak-ancak Alis, Hermanu
Dolanan Ancak-ancak Alis, karya Hermanu

Ayo dieling-eling sedhéla dolanan iki! Dolanan kawiwitan kanthi milih paraga loro kang kedhapuk dadi petani, yèn bisa kang padha dhuwuré. Paraga loro iki rembugan kanggo milih tenger dhiri pribadiné, lumrahé nganggo tenger piranti tetanèn, kayata: garu, luku, pacul, arit, lsp., lan tenger iki mau ora dingertèni paraga liyané. Ngadeg adhep-adhepan, tangané diangkat, èpèk-èpèké ditèmpèlaké ing èpèk-èpèk liyané; gawé rerenggan kaya déné gapura. Ing mengkoné paraga liyané kang baris jejer memburi urut dhuwur mlaku ngliwati gapura; nyekeli klambi utawa bangkèkan paraga ngarepé. Sinambi ngobahaké tangané lan keplok, petani loro nembangaké Ancak-ancak Alis:

Cak-ancak alis, Si Alis kebo janggitan, anak-anak kebo dhungkul, Si Dhungkul bang bang teyo, Tiga rendheng.”
Enceng-enceng Gaga Beluk, uniné pating cerepluk, ula sawa ula dumung, gedhené salumbung bandhung, sawahira lagi apa?”

Umpama petani wis rampung anggoné nembang, paraga ngarep dhéwé mangsuli: lagi mluku, lagi nandur, lagi wiwit, lagi nglilir, lagi ijo, lagi meteng, lagi ambrol, lagi nyanguki, lagi mrekatak, lagi mecuti, lagi tumungkul, lagi bangcuk, lagi kuning, lagi tuwa, lagi panèn…….. Umpama wangsulané lagi wiwit, paraga sing buri dhéwé njupuk gegodhongan utawa barang liyané kang katon ijo banjur bali nyang barisan. Umpama wangsulané lagi panèn, mula barisané dening petani diendhegaké, paraga kang kèri dhéwé ditakoni kanthi dibisiki: Kowé pengin duwé alat tani apa sawisé panen? Garu, luku?

Pancèn, antarané piranti tetanèn karo ungeling prosesi nanem pari ora bisa pinisahaké. Saben mangsa gumanti mbutuhaké sawetara piranti tetanèn kayata: garu, luku, gathul, ani-ani, pikulan, lsp., banjur piranti kanggo ngolah asiling tetanèn kayata: lumbung, lumpang-alu, lemper-munthu, lsp.  Ing tepining prosési dijangkepi nganggo sarana upacara. Kang diupacarani ya kabéh perkara kang nyengkuyung budaya tani: tandurané, kewané, alat-alaté, uga manungsané. Ubarampéné tumpeng. Tumpeng minangka piranti pangeling-éling yèn ta kang ndadèkaké subur kang tinandur iku ya Gusti Kang Akarya Alam, lumantar gunung geni. Lemahé diluku, direksa, dirukti, nganggo ati. Para among tani nglairaké rasa pangrasané bab alam manganggo upacara mau minangka pralambang yèn alam iku dipapanaké ing papan kang dhuwur: sakral (suci, transenden). Nenandur iku nanem rasa, éling marang Gusti dhedhasarané. Nadyan yen diétung tenan, wrata para among tani iku nemahi rugi secara kapital (ékonomi). Nanging, mbokmenawa dudu iku sangkan lan parané para among tani rikalané nanem tetuwuhan.

Nanem tetuwuhan tumrapé among-tani padha karo nanem rasa. Laku ‘dolan-dolan’ ing jagading tetuwuhan diwujudaké dolanan. Bab iki ginambar cetha ing dolanan Bi-Bibi Tumbas Timun. Nanem timun  lumrahé linakonan ing pekarangan/kebon (yen ing Gunungkidul ing mangsa udan). Bocah-bocah padha ndhodhok, matur arep tumbas timun marang Si Bibi. Wangsulané: “lagi ditandur, lagi thukul, lagi godhong siji wis kudu dipangan sapi, lagi godhong loro kudu dipangan kebo, lagi godhong telu dipangan asu, lagi penthil wis pijer prithil, saiki wis ana uwohé, arep tuku pira, . . .”. Pangrasané Si Bibi marang bocah iku kaya marang anaké dhéwé, mula karana wis matur kanthi becik, bocah-bocah diakon njupuk dhéwé ing pakebonan, kanthi ngati-ati sebab akeh asuné. Ing dolanan Cacah-Bencah tetuwuhan uwi dianggo bahan tetembangan. Sawijining paraga nyuwun uwi marang paraga liyané. Tumrapé wong Jawa, taneman pakebonan kayata uwi pancèn dadi tetuwuhan kang lumrah didayakaké; kanggo ekstensifikasi panganan pokok saliyané pari.  Paraga kang nyuwun uwi mau kawangsulan: “uwiné saweg ditandur, saweg nggodhong, saweg kembang, saweg nyicing. …”. Wangsulan kang pungkasan: “Nggih Mang bedhol!”.

Ing dolanan dhuwur, tanem rasa kang digambaraké yaiku bocah-bocah bisa antuk taneman kang dipingini tanpa ngetokake béya, angger anggoné matur/nyuwun kanthi becik. Isa diomongké manawa dolanan nggambaraké urip bebrayané among-tani kang kenthel ing bab rasa pangrasané, bisaa melu ngrasakke siji lan sijiné. Tanpa béya. Tarkadhang, apa-apa kang diarani ‘béya’ iku sakèmper karo ‘barang kang aji’; suweng umpamané. Ing dolanan Cublak-cublak Suweng barang kang aji digambaraké ‘pating gelenter’; akeh ora diurus. Mbokmenawa iki kang njalari wong Jawa ngrasa akeh perkara ing uripé ora kudu diaji nganggo ‘béya’ kang awujud ‘dhuwit’ wae. Kaya-kaya barang ‘kang aji’ tumrapé wong Jawa ‘didhelikaké’, ‘diumpetaké’, satemah ora ‘mlaha’; temtu waé kang rumangsa ndhelikake mung ‘mésam-mesem’. Para sato-kéwan kayata gudèl, orong-orong, minangka pituduh yen ajining barang ing tata lair sejatiné mung apus-apus kaya déné ‘dhelé-kopong’.

Wangsa among-tani pancèn baut ngrembakakaké budiné kanggo miyaraké domestifikasi tetuwuhan lan kéwan. Dudu mung food-gathering wae, kaya tinuduhaké dening wong Kulonan marang leluwuré wangsa Jawa (waca: manungsa Jawa; java-man). Nanging pancen nanem tetuwuhan lan ngingu kéwan kanggo nglestarèkaké uripé. Ora mokal yèn ta dolanan kaya Dhingklik Oglak-aglik iku gegambaraning kulawangsa among-tani arupa mandala; keblat papat lima pancer. Rikalané pari minangka punjering (pancering) panganan ora asil, kang bisa didayakké minangka plasma-né yaiku gogik, utawa jagung. Utawa uwi kaya ing dolanan dhuwur mau. Déné ing dolanan Dhoktri kang didayakaké minangka rerupan panganan kang mijil saka pari yaiku legandha lan utri; loro-loroné jinis panganan Jawa kang asalé saka tepung beras; ing sawetara papan ana kang saka téla. Jenang katul uga minangka panganan kang diasilaké saka ndayakaké tetuwuhan kang ingaran pari mau. Dolanan iki mbutuhaké tèknologi kang sinebut wingka utawa krèwèng.

Ing dolanan Lepetan digambaraké yèn among-tani duwé panganan tradhisional-desa aran lepet; panganan seka beras-ketan kang diwungkus godhong pring lan ditalèni nganggo merang utawa tali pring. Lepet wus nggambarake karaket, rumaket. Rumakete para kulawangsa tani ing padhusunan. Rumaket jalaran uripe pancen sinengkuyung anal an ngrembakane beras utawa beras pulut. Paraga embok ing dolanan iki mènèhi panganan marang anak-anaké (paraga liya) nganggo tetembungan: “Enya sega, enya énthongé, enya iwaké, enya balungé”. Mangkono. Sakwisé iku banjur Si Embok nakoni anak-anaké kok dibanda marga apa, diwangsuli merga nyolong keris. Keris mau wis digadhekké nggo tuku beras. Bareng ditakoni endi berasé, paraga bocah mangsuli yèn berasé wis diliwet njur dipangan.

Cetha banget manawa rasa pangrasané pra among-tani bab tetuwuhan kang rumaket ing uripé ginambar ing maneka dolanan dhuwur. Dibacutaké ing dolanan Blarak Sempal. Blarak iku pérangan tetuwuhan aran kambil utawa kal(a)pa. Taneman iki klebu taneman kang banget pangaribawané tumrap uripé among-tani utawa wong Jawa utawa wong Nusantara lumrahé. Kabeh pérangan taneman kambil nyengkuyung uripé manungsa. Mula, sakliyané pari, taneman klapa bisa sinebut mandala-ning wong Jawa; gegambaran kridhaning dolanan iki kang ndhapuk trim-triman; kaya komedi putar ing pasar malem.

Sakliyane tanem-tuwuh dhuwur iku, sato, utawa kéwan, uga minangka pérangan pokok ing budayane pra among-tani. Pralambang sato-kéwan akeh dianggo ing manéka jinis dolanane. Gajah Telena yaiku sawijining dolanan kang digathukaké karo sato-kéwan aran gajah; telena cedhak karo tembung tlalé. “Gajah-gajah telena, telenané Garunata, jenang katul sisir gula, her segara amba…..”, mangkono tetembangané. Bisa digathukake karo kahanane among-tani kang lagi nggaru palemahan. Umpamaa ora, dolanan iki bisa dipadhakaké karo: negara; saben kelompok ing dolanan iki ndhapuk kekuwatan kanthi nlusupaké driji tangané, ngripta rerenggan kaya ‘kursi’, sinebut cathokan. Rerenggan kanggo napak sukuné paraga kang numpak ing pundhaké paraga liyané. Dumadi wewujudan arupa gajah. Leloroné padha jejogèdan sadurungé padha maju, sinambi nglagokaké tetembangan mau (enjer). Sawisé cedhak, padha déné nyoba njugrugaké, narik, nibakaké. Banjur ana kang ambruk. Tegesé, ambruk negarané.

Sipat ngrangseg, agresif, tumrap lakuning kéwan, uga digambaraké lumantar dolanan. Tujuwané supaya manungsa-tani ora nduweni sipat-sipat kurang becik kaya ngéné iki; jangkah-lakune ing uripé. Mangan liyan, mangsa sesama. Ning, tumrapé donyaning kéwan, sipat-sipat kaya ngéné dadi tata lakuning alam. Kudu kaya ngéné. Manungsa-tani diwarisi ngèlmu ‘meguru’ marang kéwan. Ing dolanan Gowokan utawa Kuwukan (kucing-tuwa kang mangan ayam ing jroning kandhang), utawa wulungan (manuk elang kang nyamber ayam ing kurungan). Ana paraga kang dadi kuwuk utawa wulung, ana kang dadi ayam, lan liyané dadi kandhang kang ngreksa ayam.

“Kéné ana pitik?” “Ora ana.”
“Kok ana getih lèrèh-lèrèh?” “Khaki mbelèh kadhal.”
“Géné kok ana wulu mabul-mabul?” “Kaki mbelèh drigul.”
“Géné ana jago mlangkring?” “Jago siji kagungan dalem.”
“Dak-urupi gedhang sauler.” “Ora éntuk.”
“Dakrebut.”

Si Kucing utawa Manuk ngupiya mlebu kandhang. Dialang-alangi. Rikala isa mlebu kandhang, Si Ayam diwènèhi dalan metu kandhang. Ngono iku dolanan dadi lumaku. Paraga Kucing utawa paraga Manuk nguyak, nirokaké sato kucing utawa manuk kang tuhu ngelih, déné paraga Ayam ngupaya ucul; ditulungi para paraga kang dadi kandhang ayam.

Nirokaké basané sato-kewan iku uga katon ing dolanan Jamuran rikalané sawijining paraga dadi. Paraga kang dadi bakal atetakon “Jamur apa?”. Umpama diwangsuli “Jamur kethèk mènèk”, si paraga kudu nirokaké tandangé kethèk kang lagi mènèk. Sing dadi kudu mènèk wit, bangku, kursi, lsp., sing penting ora napak lemah. Umpama diwangsuli “Jamur gagak”, si paraga kudu nirokaké manuk gagak kang lagi iber. Sinambi ndhaplangaké tangan kiwa-tengené, si paraga dadi mlayu mrana-mréné kaya manuk gagak kang lagi iber.

Iberé dilakoni sawetara wektu.

Mbokmenawa ngono iku: urip ing alam donya iki diarani iber: dadi manungsa. Nyoba dadi manungsa; manungsa among-tani; manungsa among-dagang; manungsa Jawa, ndadi bebarengan klawan kebon-sawah-tegalan lan sato-kewan. Panjang laku ndadine manungsa iki. Dawa. Sangune: pandawa, yaiku dolanan-dolanan dhuwur iku mau minangka panjangan marang alam donyane; kaisenan ngelmu-ngelmu tilaran leluwure. Manungsa sing mauné diarani “durung dadi manungsa” kanthi dolanan njur isa diarani ‘dadi-manungsa’. Sakèhing dolanan bisa lumaku yèn ana paraga kang dadi. Tanpa paraga iki, sakèhing dolanan ora lumaku. Apa tegesé? Dadi iku kaya déne prasyarat dununging manungsa ing tengahing bebrayan agung. Jejibahan, tanggung jawab, utawa krenteg kanggo lakuning tatanan sosial-nasional gumantung marang Si Dadi. Umpama pangajabé bab ilanging dhapukan dadi mau kaleksanan, mula si paraga bakal nemahi tataran kang diarani mentas; uwal, luwar: wis nate ngrasakke “dadi manungsa”. Nanging, umpama paraga ora naté ngrasakké dadi, urip kaya ana kang kurang. Jer dadi lan mentas iku loro-atunggal. Pas mentas arsa ngrasakké dadi, utawa kosok-balèné, pas dadi arsa énggal mentas. “Dadi” ing dolanan bisa dibolan-balèni, sasuwéné dolanan dilakokaké. Déné ‘prosesi’ dumadining manungsa-tani (Jawa-Nusantara) mèh padha karo kahanan ing dolanan-dolanan ing dhuwur: tan bisa ingaran rampung ngono waé. Lumaku terus sak-keselé. Laku ng-enkripsi ‘warta-warta’ (informasi-informasi) saka jeroning kori-kori/senthong-senthong (waca: ‘blok-blok’) kang wus diparingi wates/gebyog rapet-pengkuh ing dolanan-dolanan coba dibacutake.

Mbésuk, rikala padhang swasana lan pikiré, laku iku bisa dibalèni manèh. Mbalèni kepiye carane ndadi. Supaya bisa mlebu bleng dumadi among-tani kang tuhu, cecekelan jung-e (sukune), dumadi bangsa (nation) lan negara (state) Jawa-Nusantara kang sunyata, ora mung ‘mitos’: yaiku dadi ‘dolanane’ bangsa-negara liyane kanthi lembat (laten).

Kepiye carane?

Nganggo tata-cara menthelengi, nenegesi, lan nglakoni alam-donyane dhéwé; olah-tanine dhewe; dolanane dhewe.

[WG]