Pasemon “Suduk Sarira”

oleh
Paraga ‘estri’ (teja cacah telu) kang nglakoni suduk-sarira/jiwa; kontingen kethoprak Kabupaten Gunungkidul Dok: Wage.

Jamane ‘maju’. Jaman saiki. Jamane diarani jaman ‘now’. Kari siji-loro-telu ing jaman ‘now’ tinemu wong kang isih nggunakake wungkus ron-ronan kanggo madhahi maneka pepanganan (ron gedhang lan ron jati umpamane; lumrahe katindakake dening simbok-simbok ing dhusun) kang ‘disuduki’ (disujeni nganggo suduk saka sada/pring). Klebu kang bisa diprangguli ing pasar-pasar pancawara ing Gunungkidul. Para among-dagang panganan wis genti adat-saben madhahi panganane nganggo ‘kertas minyak’ kang ‘disteples’ utawa dikareti. Akeh-akehe, dayane suduk/suji ginanti ‘steples’ utawa karet-gelang. Dene wungkus ron-ronane ginanti plastik. Surute suduk/suji ing urip-bebrayane wong-wong mratandhani susute kwarasaning anggane (linggane) para sarira.

Sarira-sarira gampang mudalake lelara degeneratif; asil saka pangaribawane panganan ‘kemasan’ (wungkusan-modhern) kang ndulu sarwa ‘awet’ lan cepet bisa enggal karahabi; pungkasane nggiring marang katiwasan.

Uripe wong-wong jaman ‘now’ nuju gage-gage tiwas, snajan ora mlaha arsa tiwas kanthi cara “nyuduk-sarira” nggunakke suduk/keris ing madyaning wong akeh, apameneh anggone “nyuduk-sarira” nganggo keris iki mau ing tengah pasar sisan. Mesthi bakal kapenggak dening akeh wong. Lan karan: lara-jiwa! Pepanganan/tetedhan kang dikonsumsi wong-wong ora nuhoni prasarat kawarasan. Wong-wong kang ngonsumsi ya ora perduli. Tembene, panalare wong-wong (klebu aku; dakkira aku ya gegolonganing: wong, ning mbuh yen sabenere dudu) bab kawarasan ya melu-melu ora waras. Nalare atut. Jiwane katut. Wong-wong jaman ‘now’ nglakoni ‘suduk-sarira’ massal, nyuduk-jiwa bebarengan. Lumantar panganan-ombenan. Lumantar panalare bab panganan-ombenan. Mudalake rah pating blarah.

Angga pating blasah.

Sawijining tuk ing wewengkon Ngringin Bejiharjo Karangmojo Gunungkidul: Mudal (ing basa pacelathon padinan ingucap “modal”, dudu ‘modar’ amarga lidhahe celat lho ya) tengere. Mudal wis ngarani yen wetune banyu saka tuk/udal/ubal/umbul muncar-muncar. Mudal iku talang-warih (banyu kang mijil saka jeroning oyod). Warihe/banyune mubal. Mumbul sakeng kalowonganing bumi. Prapteng tala-bantala (praen bumi karan ‘lemah’; malumah dhep-dhepan karo langit) ngebeki rong-rong, nambani ngoronging wong-wong. Kosok-balen karo rahe wong-wong kang mudal-mudal karana kakehen ‘ngonsumsi’ panganan-unjukan ora waras, Mudal mudalake banyu waras. Banyu saras. Banyu bagas: bagas-kara: banyu-urip. Banyu saka Mudal mijilake piguna: ngestreni maneka tetuwuhan, tetanduran, lan pategalan ing kiwa-tengene.

Bongkokan pakan kang diopeki ing sakiwa-tengening udal/tuk disuduki; mawa suduk pring/kayu. Pari, damen, kacang, jagung, suket, kepara bongkokan kayu-obong, semono uga. Bongkokan-bongkokan ngarep-buri ngiwa-nengen disuduk/disuji. Gegancangan bongkokan-bongkokan iku ginawa wangsul dening among-tani. Anggone nggawa wangsul (lumrahe kanthi dipikul: pikul-pocong) salang-suduk: genti-genten. Amrih timbang; nora gampang kesel pundhake. Suduke/sujine kumudu tumancep jro ing bongkokan: ing pulunging bongkokan.

Ya krana suduk/suji iku gegaman. Mempan.

Wong-wong dhusun samya namakake gegaman. Wong-wong dhusun nyudukake gamane, kanggo ngupayakke pangan: ngupa-boga. Wong-wong mecokake arit. Wong-wong nyusrukake gathul ing palemahan. Wong-wong ngganco lan macul. Wong-wong nyudak-nyuduk maneka barang. Wong-wong nyambut gawe. Nggayuh bagaskara: urip kang kebekan greget, kringet.

Parigawe nyuduk-nyuduk palemahan saben dina kanyata ndadekake anggane “kumaringet” (kringeten) lan bagas-warase wong-wong dhusun. Bagaskara (dasanamane “mata-ari”/srengenge; Hyang Bagaskara) yaiku mripat utawa urubing jagad kang gawe kuwat uripe wong dhusun. Bagaskara uga sinebut “rawi” (Hyang Rawi) ateges ‘kemringet’: kringet umetu karana soroting urub/mripate jagad kadya suduk (landhep kiwa tengene): Rawi njojoh-njojoh nyuduk-nyuduk ndayani udale banyu-kringet. Kataman tejaning Rawi bumi ngringet: mendhung. Mula Rawi utawa Sang Hyang Rawi sinebut Arka (Hyang Arka), yaiku karana anak-anak (duwe anak) “ar”: banyu ing tawang/udara.

Mbokmenawa, mung mbokmenawa lho iki (nek ditandhingake karo tata-cara riset-e Wong Kulonan temtu ora klebu nalar), ngapa kok papan-mungguhe tawang utawa udara utawa gegana utawa ka-hyang-an ingaran “suduk udal-udal”, yaiku papane ‘gaman’ awujud sorot/urub/latu/geni kang bisa nyuduk-sarirane ‘namu-namu’ satemah mudal banyu ‘kringet’ ing langit (tawang; papane amun-amun, embun); ketaman pangaribawaning Hyang Rawi mau. Kajojoh ligane udara satemah klair banyu; ketaman pangaribawaning Hyang Arka (ing pocapan sok wolak-walik karo “raka”).

Banyune muncar, mubal, tibeng bumi kang mlumah (lemah).

(H)Udan.

Udan-banyu wulan-wulan iki lagi mangsane. Udan-wong wisata, apameneh ing dina-dina libur-panjang, lagi jamane. Udan wong ngendhat wis adat sabene. Yen ora ngati-ati lan waspada, telu-telune bisa dadi gaman suduk-sarira. Suduk-sarira massal. Ngereh patine wong-wong. Mudal-ngudal getihing wong-wong. Dudu dadi piranti nggayuh “bagaskara” lan “bagaspati”. Bener, iki dudu suduk-sarira kanthi keris/dhuwung/suduk/katga. Suduk-sarira modhel iki mbokmenawa mung tinemu ing carita kethoprak, ing carita-carita kuno, ing legendha, babad, lan mitos: Rara Lembayung ing Sada kana umpamane. Jaman saiki anggone ngendhat/nglampus-driya milih nganggo tali-murda. Tali-murda ing kene arupa tali-kukuh lan kenceng. Tali-murda njiret nalare wong-wong. Nganggo pangan-panganan. Omben-ombenan. Omah-omahan. Wisata-wisatanan. Usaha-usahanan. Pembangunan-pembangunanan. Mudalake mblendhunge wetenge dhewe. Ning yen ngene mbokmenawa dadi bener, suduk-sarira uga tinemu ing jaman ‘now’; kanthi wungkus ron-ronan kang beda.

Pangaribawane modhernisme lumantar program Pariwisata Gunungkidul Modern (tembung ‘pariwisata’ ketoke durung nemokake kapribadene kang tuhu) memper kaya pedhang-suduk: geger utawa lingire karo-karone landhep, tajem. “Suduk gunting tatu loro”: yen wong-wong dhusun ora ngetut ajuning jaman ‘now’ ya kesuduk, yen atut ya kesuduk. Sarwa-sarwi ngrekasani. Nyusahi. Mekewuhi. Udan manungsa wisata, ateges udan wong suduk-sudukan. Wong-wong padha dene ‘salang-suduk’. Wong-wong medhang-suduk.

Suduk-sarira massal dhuwur mau ora bisa diselaki.

Paraga estri ing sawijining carita kethoprak dening kontingen kethoprak Kabupaten Gunungkidul nyuduk-sarira, nyuduk-jiwa, nggambarake Simbok Bumi (waca: bumi Gunungkidul kang ‘sumemi’; nedheng-nedhenge semi) kang mudal-mudal sindhune (banyu-susune), mubal-mumbul pambengoke (sindune; swarane). Apa sanyatane tumindake iku karana (para) paraga ‘jalu’ kang nempuh jiwane paraga ‘estri’, prajanjene duk rikala semana, satemah Pun Estri paripaksa ditrajang, disuduk sarirane? Cinucuh, cinucu? Ananging kang sunyata: sarirane pancen wus tuwek. Jiwane wus tuwuk. Linggane (awake, anggane, badane) kagoco ligan Pun “Jalu”. Kararas, karempu, kaestreni wola-wali. Wus mancur, muncar, lan muncrat rahe (nutfahe). Kodal (ka-udal) ron-ronane. Dening dayaning dhuwung. Suduk. Suji. Tedhak-turune Rawi. Pun Estri mulung-ati. Mudalake banyu. Mijilake rah. Piyambake mapag pralaya. Prajaya.

Pati.

***

[Wage]