Pribumi, Paribumi, Parikamanungsan, lan Parimirma

Para among tani-dagang-layar asring sinebut wangsa pribumi. (Swara/Wg).

Ana paribasa[n] (‘p[e]ribahasa’) unine mangkene: “nandur pari jero”. Pancen ana basa “pari jero”, yaiku pari kang umure rada dawa, udakara 6 sasen (dudu saracen lho ya). Nandure pari ing endi? Endi meneh yen dudu ing jeroning bumi.

Bumi dadi papan tuwuhe tuwuh-tuwuhan (tanem-tuwuh) kaya dene pari. Manungsa, sing wanci tuwuhe sakwise tuwuh-tuwuhan (pari), isa diarani ‘tuwuh’ (waca: lair, ngrembaka, njamur), ing tembe layu, ing bumi uga. Manungsa lan pari cedhak banget karo bumi. Kadhangkala telu-telune padha dene nyulihi: manungsa ya pari, pari ya bumi, bumi ya manungsa.

Tumrap manungsa Wangsa Indhu (kabudayan Indhu [Indonesia lan India, banjur sumrambah ing kiwa tengene ing sajembare Asia iki; awakku luwih sreg ngenut teori ngrembakaning kulawangsa manungsa ika ‘Out of Sunda’ dudu ‘Out of Africa’; mbokmnawa uga klebu Indhian Amerika]) sambung tresnane marang pari lan bumi caket banget.

Pari iku anake kang kapisan (purwa, awal), bumi iku biyunge. ‘Bapak’e? Sampeyan weruh dhewe lah sapa ‘bapake’, sapa sing ‘ngetengi’ (ketoke dudu aku, wong pas wengi-wengi kae aku ora golek ‘klithihan’…aku ora lagi matek-aji barang……). Gandheng sing sinebut kabudayan iku ngrembakane lumantar basa, mula jati-dhirine manungsa Indhu dijarwakake lumantar basa lan sastrane. Yaiku basa lan sastrane manungsa pari; kulawangsa pari.

Parikan (linggane {pari} kawuwuhan panambang {-an}, pantun’ krama inggile; utawa ‘pantun’ ing sastra Melayu) lan paribasa (‘peribahasa’ ing basa/sastra Melayu) ing antarane.

Kabeh kang minangka rerupan lan reriptan basane manungsa bisa didelok nganggo ngelmu basa: linguistik (fonologi, morfologi, semiologi); sambung kempel lan kenthele karo sastra. Ing universitas (papan ‘cilik’ kang dianggep bisa kanggo nyinau jagad-raya/universum) basa lan sastra didadekake jurusan-sinau; program-studi. Tembung andhahan (turunan) ‘indonesia’ dumadi saka tembung indu(s) lan nusa (nesos, insula): pulo-pulo ing Lemah/Siti (H)Indhu. Pulo-pulo (nesos) ing Lemah Indhu lumrah ingaran Nus(w)antara.

Pulo-pulo utawa nusa-nusa ing Nusantara lan wangsa-wangsa kang mapan, tuwuh, ngrembaka, ing dhuwure anduweni krenteg lan tekad nyawiji ndhapuk/ngrengga apa sing diarani golong-gilige wangsa-wangsa lan basane (sastrane?) dumadi negara-wangsa Indonesia. Nah, bumi papane awake dhewe para wangsa Nusantara tuwuh bebarengan iki sinebut Indhu utawa Bumi utawa Ibu utawa Ibu Pertiwi (Parwati), iya Endhonesiyah (Indonesia) kuwi mau.

Lan saiki wong Endhonesiyah (Indonesia: wangsa-wangsa ing Nusantara kang samya—nyoba—njejegake tatacara negara-wangsa [‘nation-state’] dhuwur mau; adhedhasar prikamanungsan, yaiki salah sijining wuliran/wiji Pancasila]) wiwit lali yen basane [basa Indonesia ika] akeh kang manganggo basane para wangsa ing Nusantara, klebu Jawa; utawa basa Mlayu kang padha/nunggal kapribaden klawan basa Jawa). Utamane wangsa ‘medsos’ kang lagi ing swasana anget-angete ngrasani bab tembung/etimologi ‘pribumi’.

Rerembugan babagan apa, sapa, lan ngapa pribumi iku lagi angas. Tuwuh paripadu. Mbokmenawa mgko dhela meneh anyeb. Njejeb. Sepi. Wong-wong njur lali. Jer dumadi pribadi paripurna pancen angel. Angel ‘bziangetsz’. Ananging wong sing kebak parimarma ya ana. Parigawene wong-wong, apamaneh sing magepokan karo ‘politik-kuwasa kuwasa-politik’, pancen aneh-aneh. Nganeh-anehi. Saben pri(y)angga, pribadi, kebekan masalah werna-werna. Duwe pepinginan ‘nguwasani’ werna-werna. Mosok ya bakal ngrembug (ngundhakke, ngunggahke, ‘nge-blow’) warta sing padha terus. Penake pancen, nggunakke dayane ‘pribumi’ lan kabeh anak-anake kanggo alat/politik (a)mrih (tetep) duwe panguwasa. Kepara nguwasani: bumi!

Ning, yen ngono, merga ocehanku dhuwur kabeh iku, aku wis melu rerasan bab pribumi.

Temtu, rasan-rasanku bab ‘pribumi’ gathuk karo nganasir (unsur) apa wae kang sambung marang tetembungan ‘pribumi’ Gunungkidul. Utawa kang inganggep pribumi endi wae, arepa ing Endhonesiyah (Indonesia; Nusantara), utawa Aprikah (Afrika), Sumeriyah (Sumeria), Ngeropah (Eropa), Ngamerikah (Amerika), kana. Ha wong mung takgathukke.

Prefiks ‘pari’ (prefiks utawa ater-ater iku perangan afiks/wuwuhan/tetuwuhan kang mungguh ing sangarepe morfem/tembung; cara dadine kanthi ‘diwuwuhke ing ngarepe/wiwitane’; prefiks/ater-ater {pri-} katone nunggal undhak-undhakan karo morfem ‘pra’ utawa ‘pre’ ing maneka basa ing donya; turunan saka ‘pari’ ing basa Jawa Kuna lan ‘pari’ ing basa Jawa Tengahan) mapan ing ngarepe lingga/morfem ‘bumi’. Pari iku tetuwuhan/wuwuhan/afiks kang nambahi endahing bumi. Ing awal wektu. Ing wiwitan. Ing purwa. Arane: purwapada. Palawiji. (Upacara kang nggambarake prosesi nandur pari sinebut “wiwitan”; segane dinamani “sega-wiwit”).

Pari iku ater-atere bumi. Rikalane mangsa panen, pari (gabah, wos, beras) dipapanake minangka ‘ater-ater’ kang diwangsulake dening kulawangsa manungsa marang Ibu Bumi. Diaturke marang para sedulur lan tangga teparo. Pari diaturke marang wod/linggane. Marang asal-usule. Awujud gunungan pari. Gunungan tela. Kacang. Lombok. Pari, utawa pantun, utawa parya, utawa padhi, yen wong Kulonan nyebut ‘rice’ lan turunane ‘cereal’ sarta ‘oryza’ (Latin), yen wis dilukar busanane dadi beras, utawa wos, iku wuwuhane/afiks-e bumi. Prosesi muwuhi bumi nganggo maneka tetuwuhan padha karo proses afiksasi ing ngelmu basane (morfologi), ngelmu semiologi ing pralambangane, semono uga ing ngelmu geosfer (geografi).

Wuwuhaning bumi liyane, kang disusulake ing buri (sufiks; panambang) lan diseselake ing tengah (infiks; seselan), sarta diwuwuhke bebarengan ngarep-buri ing bumi secara ‘simultan’ (kaya-kaya bareng, wektu laire ora kaot watara suwe; konfiks, simulfiks), arupa palawija (kacang, jagung, dhele), palapendhem, palagantung, palakirna, lan liya-liyane. Dadi, sakabehing pala-palanan, wijen-wijenan, lan tuwuh-tuwuhan iku pari-ne bumi; dewa-dewi; bathara-bathari; pribumi.

Trus, manungsa? Manungsa adhine, yayine (priyayi). Karana ngrembakane luwih keri. Tegese, tetuwuhan (pari) luwih isa sinebut pribumi. Kulawangsa manungsa sing luwih yayi tinimbang pari mau njur digolongke sing endi? Ngrembakane (difusi, migrasi) kulawangsa manungsa ora bebarengan karo pari, pa? Iya. Pari ginawa sarta. Mula, pitakonan: manungsa-golongan-endi sing luwih pribumi mau wangsulane: kulawangsa manungsa sing kriyane among-tani. Manungsa sing ing wektu-wektu luwih purwa/awal lair lan mapan ing bumi kono/kana. Manungsa kang ngulandara, njur manggrok ing sawijining bumi kanggo nenandur: gemah ripah loh jinawi.

Para among-dagang, ghuru, pangembat-praja (ksatria), ki, ki ageng, kyai, insinyur, kabeh bisa dadi among-tani. Klebu tukang ngingu kewan, ngingu iwak, golek iwak, isa klebu golongan among tani. Golongan-golongan kang ‘rasane’ padha dene ngungkuli, kayata: pangembat-praja ditandhingake karo among-tani, priyayi ditandhingake karo kawula, kyai ditandhingake karo santri, kolonial (jane wangsa kolonial ki ya wangsa pribumi sing ngrabasa nyang akeh papan kagungane pribumi liya, karana bumine isa diarani klebu ‘mlarat’ sandhang-pangan, sing dinggo barang dagangan kayata: kemajuan iptek/modhernisme, wangsa/ras unggul, lan agama) ditandhingake karo pribumi, lsp.

Golongan sing rasane mapan ing dhuwuran mau rumangsa luwih ‘priyayi’ (pari/pri: luwih, yayi: adhi) tinimbang liyane. Liyane inganggep luwih adhi; luwih ngisor-asor drajate. Utawa teges sijine: golongan sing rasane mapan ing dhuwuran mau rumangsa luwih ‘priyayi’ (pari: tuhu, sayektine; yayi: adhi) tinimbang liyane. Liyane dianggap luwih kakang, luwih pantes diunggahake, dimungguhake, sebab priangga (dhiri-pribadine) adhi kang sayekti.

Basa (pacelathon) padinan lan basa enggon-enggonan ngucapke tembung ‘pari’ kanthi metode dipluta: pri. Paribumi, pribumi. Paribasa, pribasa. Pariksa, priksa. Paripih (jimat utawa aji-aji kang pinendhem ing dhasaran candi), pripih. Swara [a] ilang. Tarkadhang, rimbage tembung/morfem {pari} rikala kawuwuhake (utawa isa sinebut “kanthi bebarengan ndhapuk sawijining tembung ben muni/nywara/duwe makna) marang tembung/morfem liya tinulis/ingucap [peri]: peribasa, peribadi, perikamanungsan, luwih-luwih kanggo kepreluan ngepaske cacah wanda (‘suku-kata’) ing gatra tembang macapat.

Wangsa/Golongan Pribumi ing Eropa, ing Indonesia, utawa ing endi papan ing bumi iki pancen ora bisa uwal saka inconan karo wangsa/golongan kakange, ndhuwure, utawa wangsa/golongan adhine, ngisore. Jer panggolongan iku ana; pranyata ana. Undhak-undhakan (hirarki, piramida) lan undha-usuk iku ana. Undhak-ndhakaning prikamanungsan ana kang lair lan ana kang batin. Manungsa kang utama lumrahe nora nggegolek kang lair, karana kang lair amung busana (klambi, atribut). Klambi lan busana (pratandha kapribaden/identitas) bisa nggambarake sing dibusanani utawa kosok-balene: babar blas ora.

Klambi lan busana iku ing parine (wiwitane) piranti kanggo nggambarake pribadi kang ‘pari’ (tuhu). Dalan/politik kang pinilih dening pribadine (kang tuhu) dudu kanggo ngungkuli liyane ing tata lair, mangreh panguwasa, ananging manungkul kadya pari, saparitumindake katujokake kanggo ayem-tentreming liyan; adil-paramarta (prikeadilan).

Awakku wis ngono? Ora. Adoh banget karo teges pribumi.

Yen sawijining pribadi wus mangkono, wus ‘manungkul’ kaya dene pari kang wos (awrat wose), dudu kaya awakku sing aduh karo teges pribumi lho ya, ateges wus dadi manungsa kang kagungan p(a)rikamanungsan, temtu pribadine malih parimarma: kebak ing rasa welas saha sih marang sakabehe. Mbuh marang panggolongan/peprincen sing klebu pribumi, sing rada pribumi, utawa marang sing paripeksa sinebut dudu-pribumi. Pribadi iku mau ora bakal nggunggung-ngunggulke kapribadene (kapribumene) utawa kulawangsane dhewe.

Wis dumadi kalumrahan ing jagad iki yen ta panggolongan (peprincen) kelas sosial, kaya dene ing unggah-ungguh utawa undha-usuk basa Jawa, dening sawetara (golongan) manungsa digunakake saderma kanggo nyengkuyung mungguhe/ajine pribadi. Unggah-ungguh basa Jawa, kang pangrehe mungguhake wong liya ing papan kang dhuwur, dicubriyani dadi piranti/alat feodalisme thok-thil (snajan ana sing ngono; kaya dene wangsa pribumi kang arsa nggayuh drajad ‘ngintelek-ngilmuwan’ jajar wangsa liya lumantar Pawiyatan Ageng; utawa politik-etis wangsa liya marang pribumi kanggo ‘tetep nguwasani’, kanggo ora ngunekke yen ta kriya ngintelek lan ngilmuwan asring mung minangka piranti ‘ngrebut-panguwasa’). Dene, greget-feodalisme sing sabenere malah rame-rame diwungkusi/diwajuni/diklambeni anti-feodalisme, diedoli mrana-mrene. Greget-kolonialisme (ngasorke, njajah, ngrebut, ngrabasa aji-dhirine wong/wangsa liya) diwungkusi/diwajoni/diklambeni demokrasi utawa multikulturalisme utawa anti-rasisme utawa anti-etnosentrisme.

Iki, jane, bebaya laten/lembut. Memedi. Luwih-lembut (waca: pari-laten) tinimbang lelembut/memedi sing Sampeyan malah sok ora wedi.

Pancen paribumi (waca: bumi sing tuhu, sing nyata) surem. Si Paribumi kang parimarma (kebak kawelasan marang manungsa) lan parimurti (linuwih ing mancawarna prakara) burem. Paribumi (waca: Ibu Bumi) dirudapeksa pindha “wowor gelung klawan kisma” unine. Peteng. Nggrantes. Endi manungsa sing klambine nyedhaki sak cedhak-cedhake karo pribumi (pari: luwih) kepara pribumi-sanyata (pari: tuhu), endi sing dudu. Endi manungsa sing priyayi tenanan (ngasorke pribadi lan mungguhke liyan), endi sing mung klamben samudanan.

Endi manungsa sing wantahe pribumi (lair ceprot, neneka; wong-wong purwa kang ngulandara banjur teka lan manggon ing sawijining papan kayata: angeJawa, angGunungkidul, ngIndia Amerika Selatan, ngEropa, ngJawai/ngHawai, ngIndia, Niongkok, lsp.), endi sing wantahe mung sugih dhana lan propaganda mbuntut panguwasa donya.

Endi sing batine pribumi, endi sing laire dudu. Endi sing lair-batine pribumi. Endi sing sak paripolahe, paripaksa ora klebu loro-lorone (lair-batine); mung arsa nggayuh panguwasa tumraping Liyan: “ngawula-sega” thok thil kepara katamakake tumrap kulawangsane dhewe.

P(a)ribumi p(a)ribumi parikudu padu paripadu.

Jero.

***

(Wage).

Facebook Comments
Bagikan melalui:
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •