Susuh

oleh
Susuh manuk ing waton karang. Swara/WG.

Bocah-bocah jaman saiki isih sok dhelekan susuh manuk ora, aku ra ngerti. Biyen, yen dha ndheleki susuh manuk swarane ya nganti saur manuk: genti-genten anggone rebutan. “Kae nggonku!” “Nggonku, ya!” “Nggonku!” Tangane nuding-nuding. Diteruske njorokke-guyon kancane. Ndheleki ateges ndheweki, maksude ndhaku yen susuhe dadi duweke dhewe. Ndheleki ki ngembil: umpama wis ana le ndheleki, bocah liya ora oleh menek, sing weruh keri ora duwe kawenangan njupuk.

Susuh manuk manggon ing papan kang dhuwur. Nggon carang wreksa, nggon watu, nggon kayu. Yen dhelekan susuh manuk wis dianggep cukup umure, banjur diundhuh (angger durung kedhisikan kancane; lha wingi kancane sing ndhisiki iki kalah ndheleki luwih dhisik), umpama tanduran ya dipethik. Manuke dipethik saka dhuwuran. Manuke digegulang supaya cumbu.

Ing patarangan.

Eloh, kok patarangan? Tarang: dhuwur. Patarangan ki susuhe pitik, mapan ing dhuwuran. Kadhang kala manuk dipethik saka susuhe kapapanake ing kurungan. Dene pitik klebu gegolonganing manuk, manuk kang luwih cumbu amarga luwih cedhak karo pomahaning manungsa. Patarangan asale merang, dene susuh manuk asale gegodhongan lan sesuketan.

Ing wayah-wayah tartemtu, ayam (kang klebu golongan manuk mau) munggah nyang patarangane; nyusuh. Utamane rikala wayah ngendhog; ngetokake wijining panguripan. Para Wiji kaemban ing sajroning patarangan utawa susuhan. Tembene para endhog utawa para wiji manjalma ayam lan manuk kang bisa nganam patarangan lan susuh ing papan-papan tarang liyane.

Lan, susuh manuk (susuh lan patarangan), gelem diakoni dening pra manungsa apa ora, merlambangake jiwaning manungsa karo pepadhane: kepiye ngupiya megawe patarangan-susuhe. Susuh ngibarat suwir-suwiraning godhong kang tipis banget, kang lembut, kang saangganing rikma gedhene. Suwir-suwiran pating sluwir kaenam murih rapet, kareben rengket, mindha kodrating kamanungsan “ringkih” kang gegandhengan asta karo liyane, dhempet-dhempet dhempel-dhempel sanadyana kataman turase banyu udan nora karembesan, panasing srengenge ora bisa nyerengi, bolongane mapan ing ngisor, ana singgetane dadi kamar-kamar, lan ujare para asepuh: si manuk ing jroning susuh manganggo colok urubing konang, konange katindhihan supaya ora oncat saka susuh.

Susuh manuk apindha susuhing manungsa kang santosa. Manuk lan manungsa tansah nggunakake akal lan watak wekel nyambut gawe murih ayom-ayeme, supaya bisa mangun susuh lan nyusuh-matarangan: mapan ing papan dhuwuran kang agung-luhur, dudu malah keduwung kesandhung ing ngisoran krana pokale dhewe. Abur-manuk mrana-mrene ora nggegawa aji, ora duwe kaweruh apa-apa.

E malah ngedol susuh-petarangane. Kang tinggal kari taine.

 

****

WG.