Uwoh Dipangan Kalong

oleh
Uwoh jambu dipangan kalong. Foto: WG/Swara.

Uwit palagantung (ora lawas uripe) lan palakirna (lawas uripe) mentiyung-mentelung anggane amarga kabotan uwoh.

Woh-wohane metu saka delege palagantung lan palakirna. Woh-wohan kawiwitan pentil, njur medem, njur mateng: tuwa, manis, lan eca kapangan. Knapa? Jalaran woh-wohan kang mateng kae ngemu sorot utawa prawa. Sorot utawa prawane mangaribawani wetune werna: suluh. Werna pakulitane nyolok-mata, katon semburat abang utawa kuning, lan rerupane (rerupaning uwoh) kenceng, singset, ora kendho. Ora kisut. Woh-wohane wutuh. Ora owah; ora ririp. Gumantung-gumandhul antaraning tawang lan bantala banget nengsemake.

Yen sinawang saka ngisoran, uwoh-uwohan kang gumandhul-gumantung iki manjalma “uwohing ati pepethingan” tumrape kulawangsa manungsa. Ndadekake kemecer. Yen dakumpamakke wong wadon, woh-wohan iku wutuh durung kalong, dudu sisane pawongan lanang. Mula karan ‘prawan’, ateges wong wadon kang durung laki, kang ngemu prawa, kang sumorot cahyane, kang isih suci. Cahyaning rai maksih ngemu ‘guwaya’: durung nate kalong. Sorot ing woh-wohan kang ‘prawan’ nuwuhake rasa adreng tumrape manungsa lan kewan kepiye carane nglabuhi Si Uwoh, bisaa ngopek utawa enggal-enggala bisa mangan.

Ning kang tinemu, asring, uwoh kalongan utawa codhotan: woh-wohan sing wis kalong dening tandang-tanduke kalong utawa codhot. Mula, supaya ora kalong lan tetep wutuh, uwoh kang wis manjing suluh/mateng kumudu dibrongsongi utawa dikrenengi.

Para kulawangsa manungsa kaparingan kupiya kepiye carane supaya woh-wohan nora kakalong. Uwoh-uwohan kajatahake dadi dhaharan-panganan tumrap manungsa dening buwana. Ananging jatah dhaharan-panganan saka buwana iki mau yen ora kareksa kanthi ati-ati bakal kalong karana karahabi dening kalong. Umpama ana kang klemput saka pandelenging manungsa, apa Si Kalong isa diarani ngrebut jatah pangane manungsa? Kosok balene, apa kulawangsa manungsa sing kemaruk? Jane, amboka woh-wohan wus dikalong satemah kalong, kahanane mung suda sethithik, ta? Dening Si Kalong woh-wohane disisakke. Dheweke nggrowah woh-wohan njur growahane ‘sengaja’ disisakake.

Diturahake.

Tandange Si Kalong sing ngene iki memper karo tandang-tanduke manungsa. Manungsa ya seneng nggrowah woh-panguripaning liyan; jatah panganing uwong akeh. Ature: minangka talang atas lumaku-lumunturing panganan-dhaharan tumuju paturasane kang pantes narima. Ananging: talang iku teles, Mas. Umpamaa ana manungsa kang nglakokake utawa nglunturake jatah panganing uwong akeh njur nyuda sethithik, nempil, nggrowah, jatahe wong mau, wis samesthine ta? Lha apa sing ngene iki dudu tumindak becik, kaya laku korupsi kae? Suwe-suwe, snajan mung nyuda sethithik (takeran sethithik iki wae ora cetha sepira), mentiyung-mentelung anggane amarga kabotan asil growahan woh-panguripaning liyan.

Sanyatane, ing urip padinan ing dhusun, sisa growahaning manungsa nuwuhake rasa pait tumrap sesama, sesamane antuk kapitunan gedhe. Dene sisa growahaning kalong ing angganing woh-wohan nuwuhake rasa kang eca banget, manis banget, sesamane antuk madurasa. Kalong, utawa kalwang (Jawa-Kuna), utawa codhot lawa, iki bangsa manuk. Manu(ngsa), ya bangsa manuk. Manuk, kadang-wangsane Manu (manungsa). Manuk lan manu rerebutan woh-wohan, rerebutan sorot lan prawa ing woh-wohan jalaran dayaning sorot ing woh-wohan banget ndayani panguripan.